Senin, 21 Maret 2016

pidato hari kartini bahasa jawa




Assalamu’alaikum w.wb,

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa.
Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
Wassalamu’alaikum w.wb.




PENGETAN DINTEN KARTINI
Assalamu’alaikum w.wb,
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru, lan karyawan ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumonggo kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun paring kenikmatan saha kesarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titii wanci punika kula panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala. Keparenga kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun kersa ngrawuhi pahargyan dinten Kartini punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal lahiripun Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa ingkang memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21 April bangsa Indonesia mengeti minangka dinten Kartini. 
Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumatheng Raden Ajeng Kartini, awit saking perjuanganipun ngantos wekdhal punika para wanita saged nggadahi drajat ingkang sami kaliyan priyayi kakung. 
Dhumateng para mudha, sumangga sareng-sareng nyengkuyung mbangun negari ingkang adil, makmur, lan rukun.
Punika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur nuwun,
Wassalamu’alaikum w.wb.















Sesorah Bahasa Jawa Pengetan Hari Sumpah Pemuda

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati,Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan, Miwah kanca-kanca siswa kelas 7, 8, sarta 9 SMP Negeri 1 Sayegan ingkang kula tresnani.

Matur nuwun awit paringipun wekdal dhateng kula, saperlu badhe ngaturaken pengetan sumpah pemuda. Ananging sakderengipun Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjengan sami, saengga wonten wekdal einjing menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan punika kanthi wilujeng.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita wantu-wantu syafaatipun isa mangkih wonten ing yaumul kiyamah, allohuma amin.
Isi pidato bahasa jawa pengetan sumpah pemuda
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, sumpah pemuda dados satunggaling kedadean ingkang saestu sae sanget kagem persatuan bangsa Indonesia. Kados sejarah ingkang kaserat, bilih sumpah pemuda menika satunggaling peristiwa ageng ingkang kedadean ing tanggal 28 Oktober tahun 1828. Mila saking menika diten rabu tanggal 28 Oktober 2015 menika kula panjengan sami mengeti . satunggaling peristiwa sejarah nun injeh “hari sumpah pemuda”. Ewondhene isi saking sumpah pemuda menika kanthi bahasa Indonesia mekaten:
  1. Kami poetra dan poetri Indonesia, mengakoe bertoempah darah jang satoe, tanah Indonesia.
  2. Kami poetra dan poetri Indonesia mengakoe berbangsa jang satoe, bangsa Indonesia.
  3. Kami poetra dan poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia.”
Saking isi sumpah pemuda menika saget kita sedaya tingali bilih persatuan ugi perjoangan bangsa Indonesia milai wekdal punika langkung prayogi lan langkung sae. Milai wekdal menika ugi perjoangan kang sakderengipun ngrupikaken perjoangan kedaerahan lan suku dados perjoangan sedaya rakyat Indonesia. Sinaosa Indonesia ngrupiaken negara kanthi kepulauan ananging sami anggadahi sikap persatuan ugi kesatuan nun injih kados menapa ingkang kaucap wonten sumpah pemuda kewau.
Kula saha kanca-kanca sedaya ingkang sakmenika dados siswa SMP Negeri 1 Sayegan saestu dados satunggaling generasi penerus, ingkang badhe nurusaken perjuangan para pemuda. Semanten ugi bilih anggen kula panjengan sami sesrawungan ampun gampil jotakan utawi kerengan satunggal lan satunggale. Bilih kita anamung saking babakan alit kemawon dados jotakan uga kerengan saestu menika satunggaling pratanda bilih sikap persatuan ugi kesatuan kita tasih kirang lan perlu kita dewasaaken.
Para rawuh ingkang bagya mulya, mila saking menika kula ngelengaken datheng awak kula piyambak ugi para rawuh sedaya kakung miwah putri kangeem nguri-uri persatuan uga kesatuan. Ampun gampil dipun adu dhomba utawi gampil dihasul anamung saking sakedik babakan kemawon.
Penutup dalam pidato bahasa jawa pengetan sumpah pemuda
Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang kula kurmati, amergi wekdal ingkang kebatas kadhose kirang prayogi bilih kula kathah atur wonten papan punika mila saking menika cekap semanten atur saking kula kathah kalepatan atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


2 komentar: