Assalamu’alaikum
w.wb,
Bapak Kepala
sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para
kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami
ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan
hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas,
waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini
samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula
panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar
angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa
tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk
rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh
lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita.
Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih
kangge majengipun bangsa.
Panyengkuyungipun
para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap
pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita
saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing
manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit
saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem
ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun
bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan
warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti
makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan
tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging
dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia.
Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha
makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya
kekirangan lan kelepatan kula.
Wassalamu’alaikum
w.wb.
PENGETAN
DINTEN KARTINI
Assalamu’alaikum
w.wb,
Bapak kepala
sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru, lan karyawan ingkang
kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumonggo
kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun
paring kenikmatan saha kesarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titii
wanci punika kula panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng
kalis nir sambekala. Keparenga kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo
ingkang sampun kersa ngrawuhi pahargyan dinten Kartini punika.
Para rawuh
ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal lahiripun
Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa
ingkang memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para
wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21
April bangsa Indonesia mengeti minangka dinten Kartini.
Pengetan
punika ugi kangge atur panuwun dhumatheng Raden Ajeng Kartini, awit saking
perjuanganipun ngantos wekdhal punika para wanita saged nggadahi drajat ingkang
sami kaliyan priyayi kakung.
Dhumateng
para mudha, sumangga sareng-sareng nyengkuyung mbangun negari ingkang adil,
makmur, lan rukun.
Punika
ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila
anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur nuwun,
Wassalamu’alaikum
w.wb.
Sesorah Bahasa Jawa Pengetan Hari Sumpah Pemuda
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan, tuwin salam
kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan
sedaya Aamiin.
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah
ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati,Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan
SMP Negeri 1 Sayegan ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan, Miwah
kanca-kanca siswa kelas 7, 8, sarta 9 SMP Negeri 1 Sayegan ingkang kula
tresnani.
Matur nuwun awit paringipun wekdal dhateng kula, saperlu badhe ngaturaken
pengetan sumpah pemuda. Ananging sakderengipun Langkung rumiyen mangga kula
dherekaken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring
mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjengan sami, saengga wonten wekdal
einjing menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan punika kanthi
wilujeng.
Salawat saha
salam mugi tansah katetepna dhumateng Nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad
SAW, ingkang kita wantu-wantu syafaatipun isa mangkih wonten ing yaumul
kiyamah, allohuma amin.
Isi pidato bahasa jawa pengetan sumpah pemuda
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, sumpah pemuda dados satunggaling kedadean
ingkang saestu sae sanget kagem persatuan bangsa Indonesia. Kados sejarah
ingkang kaserat, bilih sumpah pemuda menika satunggaling peristiwa ageng
ingkang kedadean ing tanggal 28 Oktober tahun 1828. Mila saking menika diten
rabu tanggal 28 Oktober 2015 menika kula panjengan sami mengeti . satunggaling
peristiwa sejarah nun injeh “hari sumpah pemuda”. Ewondhene isi saking sumpah
pemuda menika kanthi bahasa Indonesia mekaten:
- Kami
poetra dan poetri Indonesia, mengakoe bertoempah darah jang satoe, tanah
Indonesia.
- Kami
poetra dan poetri Indonesia mengakoe berbangsa jang satoe, bangsa
Indonesia.
- Kami
poetra dan poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa
Indonesia.”
Saking isi
sumpah pemuda menika saget kita sedaya tingali bilih persatuan ugi perjoangan
bangsa Indonesia milai wekdal punika langkung prayogi lan langkung sae. Milai
wekdal menika ugi perjoangan kang sakderengipun ngrupikaken perjoangan
kedaerahan lan suku dados perjoangan sedaya rakyat Indonesia. Sinaosa Indonesia
ngrupiaken negara kanthi kepulauan ananging sami anggadahi sikap persatuan ugi
kesatuan nun injih kados menapa ingkang kaucap wonten sumpah pemuda kewau.
Kula saha kanca-kanca sedaya ingkang sakmenika dados siswa SMP Negeri 1 Sayegan
saestu dados satunggaling generasi penerus, ingkang badhe nurusaken perjuangan
para pemuda. Semanten ugi bilih anggen kula panjengan sami sesrawungan ampun
gampil jotakan utawi kerengan satunggal lan satunggale. Bilih kita anamung
saking babakan alit kemawon dados jotakan uga kerengan saestu menika
satunggaling pratanda bilih sikap persatuan ugi kesatuan kita tasih kirang lan
perlu kita dewasaaken.
Para rawuh ingkang bagya mulya, mila saking menika kula ngelengaken datheng
awak kula piyambak ugi para rawuh sedaya kakung miwah putri kangeem nguri-uri
persatuan uga kesatuan. Ampun gampil dipun adu dhomba utawi gampil dihasul
anamung saking sakedik babakan kemawon.
Penutup dalam pidato bahasa jawa pengetan sumpah pemuda
Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang kula kurmati, amergi wekdal ingkang
kebatas kadhose kirang prayogi bilih kula kathah atur wonten papan punika mila
saking menika cekap semanten atur saking kula kathah kalepatan atur ingkang
kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.